Larry Ellison
| Larry Ellison | |
|---|---|
| Lair | Lawrence Joseph Ellison 17 Agustus 1944 Manhattan, New York City, A.S. |
| Pakaryan | Wakil Pendiri dan CEO, Oracle Corporation |
| Gajih | US $1.0 juta (2009) |
| Bebathèn resik | |
| Bojo | Adda Quinn (o. 1967–74) Nancy Wheeler Jenkins (o. 1977–78) Barbara Boothe (o. 1983–86) Melanie Craft (o. 2003) |
| Anak | 5 |
| Sana jaringan | Ellison at Oracle.com |
Lawrence Joseph Ellison (lair ing Manhattan, New York, Amérikah Sarékat, 17 Agustus 1944; umur 82 taun) inggih punika satunggalipun tiyang saking Amérika ingkang kawentar minangka ratu bisnis, pandiri lan chief executive Oracle Corporation, satunggalipun perusahaan ageng prangkat lunak.[1] Ing taun 2011, panjenenganipun dados tiyang paling sugih kaping gangsal sadonya,[2] kanthi kasugihanipun 39.500.000.000 dollar Amérikah Sarékat.[3]
Lawrence Joseph Ellison miyos ing Bronx, New York.[1] Ibunipun nitipaken Ellison dhateng bulik lan paklikipun supados dipunopèni ngantos ageng.[1] Ellison ageng ing apartemén ing kutha South Side.[1] Ngantos yuswa kalih welas taun Ellison boten ngertos manawi dipunadhopsi.[1] Bapak angkatipun kicalan bisnis real estate saéngga lajeng nyambut damel dados auditos kanggé otoritas perumahan publik.[1] Wiwit alit, panjenenganipun gadhah bakat ing matematika lan ngèlmu pangetahuan.[1] Ellison sekolah matematika ing Universitas Illinois.[1]
Nalika ujian ingkang pungkasan ing taun kaping kalih kuliahipun, ibu angkatipun tilar donya saéngga panjenenganipun lajeng medal saking sekolah.[1] Panjenenganipun lajeng ndhaftar ing Universitas Chichago, nanging lajeng medal malih ing semester kapisan.[1] Rama angkatipun gadhah pamanggih manawi Ellison boten badhé suksés.[1] Nanging, Ellison gadhah bakat ing babagan dhasar-dhasar pamrograman komputer ing Chichago.[1] Panjenengan lajeng nyambut damel ing Berkeley, California.[1] Sadangunipun wolung wulan salajengipun, Ellison gantos saking padamelan satunggal ngantos padamelan sanèsipun, nyambut damel minangka téknisi ing Fireman Fund lan Wells Fargo Bank.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 Prophet Of Software Archived 2012-01-28 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
- ↑ "Forbes top 10 richest people in the world". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-18. Dibukak ing 2011-09-15.
- ↑ Larry Ellison - Forbes, Forbes.com. Retrieved June 6, 2011.
Pranala njawi
[besut | besut sumber]
Cuplikan magepokan Larry Ellison ing Wikicuplik- Profile ing Oracle Corporation
- Profile ing Forbes
- Biography ing BBC News
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |